Ngayogjakarta
Jenengmu wus kasuwur in nuswantara
Akeh pangonan pariwisata
Kang ndadeake tentreming ati
Mulane yen dina libur akeh sing teka
Ngayogjakarta
Pancen sugih ing babagan budaya
Budaya kang tuhu adiluhung
Ana tari, kethoprak lan wayang
Kang bisa ngangkat drajating bangsa
Ngayogjakarta
Duwe ageman kang endah
Yen diagem katon nengsemake
Kebaya, surjan lan blangkon
Dadi tetenger ageman gagrag ngayogjakarta
tag: geguritan jogja / yogyakarta , contoh geguritan jawa , jenis geguritan , geguritan baik dan indah , puisi jawa tema pendidikan dan kebudayaan